Cara membuka mata batin atau cara belajar ilmu spiritual
my sosial network
Rabu, 13 Januari 2016
Cara dapetin pulsa dan duit lewat internet
Selasa, 12 Januari 2016
Terjemah bahasa jawa AL FAATIHAH dan kandungannya
AL FAATIHAH ( BEBUKA )
Surat kaping 1 : 7 ayat ( Tumuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir ) Bahasa Arab : 1.Bismillahir rahmaanir rahim 2.Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin 3.Arrahmanir rahiim 4.Maaliki yaumid diin 5.Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nasta’in 6.Ihdinash shiraathal mustaqiim 7.Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘ alaihim waladl dlaal-liin Bahasa Jawa : 1.Kalawan asma Allah kang Maha Murah ugi Maha Asih. 2.Kabeh pangalembana kagunganing Allah Pangeran, Sesembahaning ‘ alam jagad-rat pramudita. 3.Kang Maha Murah Maha Asih. 4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas. 5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ‘ ibadah, saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan. 6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten ing margi ingkang leres. 7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kani’matan, sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar. Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah : Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang fundamentil wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika : 1. Bab ‘aqaid utawi kaimanan ; punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil, ingkang dipun da’wahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad s.a.w, makaten ugi dening para andika Rasul saderengipun. Ingkang baku inggih punika ‘ aqidah-tauhid ( memundhi saha mangeran namung dhumateng Panjenanganipun Allah piyambak ) ‘ Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami, sadaya para andika Nabi Utusaning Allah kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Allah, sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia ‘ibadah ( manembah ) ing Allah piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun. 2. ‘Ibadah ; utawi ngumawula lan manembah ing Allah, ingkang kuwajiban sadaya titah, langkung-langkung manungsa ( sabab manungsa punika makhluk ingkang saged damel kabudayan wonten ing ‘ alam donya ). Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika : Shalat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji. Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ‘ibadah memuji, ndedonga, dzikir lan tafakkur utawi I’tikaf ing masjid. Saking zakat lajeng tuwuh ‘ ibadah qurban sidqah, weweweh lan tetulung ing sasaminipun, lan saking Shiyam tuwuh watak Wira’I 9 mboten ndremis lan mboten kathah sesambat ) sumingkir saking ingkang nama lelangkungan ( gesang prasaja ). Lajeng saking Haji tuwuh semangat ambelani sarta labuh ing agami. 3. Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan : maksudipun Syari’at Islam damel angger-angger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa ing Donya dumugi ing Akheratipun. Pramila ing salebetingQuraan ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan, upami hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme, sesambetan internasional, kabudayan sarta kesenian, agami, sesambetaning manungsa kaliyan Allah, lan lingkungan sapiturutipun. 4. Janji sarta ancaman : artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu, sanajan wonten Donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Allah ing dinten Qiyanat tantu nboten saged lolos malih. 5. Sejarah : maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan ummat manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon, gesang sapisan wonten ing ‘ alam Donya.
Serat jongko joyoboyo
JAMAN EDAN
Pancen amenangi jaman edan, sing ora edan ora kaduman. Sing waras padha nggragas, sing tani padha ditaleni. Wong dora padha ura-ura. Begjane sing eling lan waspada. Ratu ora netepi janji, musna prabawane lan kuwandane. Akeh omah ing ndhuwur kuda. Wong mangan wong, kayu gilingan wesi padha doyan rinasa enak kaya roti bolu. Yen bakal nemoni jaman: akeh janji ora ditetepi, wong nrajang sumpahe dhewe. Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum Allah. Bareng jahat diangkat-angkat, bareng suci dibenci. Akeh manungsa ngutamakake reyal, lali sanak lali kadang. Akeh bapa lali anak, anak nladhung biyunge. Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga, kanca dadi mungsuh, manungsa lali asale. Rukun ratu ora adil, akeh pangkat sing jahat jahil. Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama ngapusi. Kelakuan padha ganjil-ganjil. Wegah makarya kapengin urip, yen bengi padha ora bisa turu. Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara. Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalang omah gedhong magrong-magrong. Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil. Sing ora bisa maling padha digething. Sing pinter duraka padha dadi kanca. Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah. Akeh bandha muspra ora karuwan larine. Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe. Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi. Wong wadon nganggo panganggo lanang. Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu, ngumbar angkara murka, nggedhekake duraka. Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat. Wong agung kesinggung, wong ala pinuja-puja. Wong wadon ilang kawanitane, wong lanang ilang kaprawirane. Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya, laku sedheng bubrah jare gagah. Akeh biyung adol anak, akeh wanita adol awak. Bojo ijol-ijolan jare jempolan. Wong wadon nunggang jaran, wong lanang numpang slendhang pelangi. Randha loro, prawan saaga lima. Akeh wong adol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku, njaba putih njerone dhadhu. Ngakune suci, sucine palsu. Akeh bujuk. Wektu iku dhandhang diunekake kuntul. Wong salah dianggep bener, pengkhianat nikmat, durjana saya sampurna. Wong lugu keblenggu, wong mulya dikunjara, sing curang garang, sing jujur kojur. Wong dagang keplanggrang, wong judhi ndadi. Akeh barang kharam, akeh anak-anak kharam. Prawan cilik padha nyidham. Wanita nglanggar priya. Isih bayi padha mbayi. Sing priya padha ngasorake drajate dhewe. Wong golek pangan kaya gabah den interi. Sing klebat kliwat, sing kasep keplesed. Sing gedhe rame tanpa gawe, sing cilik kecelik. Sing anggak kalenggak. Sing wedi padha mati, nanging sing ngawur padha makmur, sing ngati-ati sambate kepati-pati. Cina olang-aling kepenthung dibandhem blendhung, melu Jawa sing padha eling. Sing ora eling padha milang-miling, mloya-mlayu kaya maling, tudang-tuding. Mangro tingal padha digething. Eling, ayo mulih padha manjing. Akeh wong ijir, akeh wong cethil. Sing eman-eman ora kaduman, sing kaduman ora aman. Selot-selote besuk ngancik tutupe taun, dewa mbrastha malaning rat, bakal ana dewa angejawantah, apangawak manungsa. Apasuryan padha Bathara Kresna. Awewatak Baladewa. Agegaman trisula wedha. Jinejer wolak-waliking jaman, wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar. Utang nyawa nyaur nyawa, utang wirang nyaur wirang. Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh tanpa rupa. Bala prewangan, makhluk alus padha baris, padha rebut bebener garis. Tan kasat mata tanpa rupa, sing mandhegani putra Bathara Indra, agegaman trisula wedha. Momongane padha dadi nayakaning prang, perange tanpa bala, sekti mandraguna tanpa aji-aji. Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk, tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi. Parak esuk banter, ilange katut Bthara Surya, jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur. Prihatine kawula kelantur-lantur. Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa lagi tumeka ing ngarcapad ada, ambiyantu wong Jawa. Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan. Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca, arupa gupon dara tundha tiga. Kaya manungsa asring angleledha, apeparab Pangeraning Prang, tan pakra anggone anyenyandhang, nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang. Sing padha nyembah reca ndhaplang, cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang. Putra kinasih swarga Sunan Lawu, ya Kyai Brajamusthi, ya Kresna, ya Herumurti, mumpuni sakehing laku, nugel tanah Jawa kaping pindho. Ngerehake sakabehing para jim, setan, kumara, prewangan. Para lelembut kabawah prentah saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa. Padha asenjata trisula wedha, kadherekake Sabdopalon Nayagenggong. Pendhak Suro nguntapake kumara, kumara kang wus katam nebus dosanira, kaadhepake ngarsane kang Kuwasa. Isih timur kaceluk wong tuwa, pangiride Gathutkaca sayuta. Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati. Ora tuwa ora enom, semono uga bayu wong ora ndayani. Nyuwun apa bae mesthi sembada, garise sabda ora gantalan dina. Begja-begjane sing yakin lan setya sabdanira. Yen karsa sinuyutan wong satanah Jawa, nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa. Bisa nyumurupi laire embahira, buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina. Ora bisa diapusi amarga bisa maca ati. Wasis wegig waskitha ngreti sadurunge winarah, bisa priksa embah-embahira, ngawuningani jaman tanah Jawa. Ngreti garise siji-sijining umat, tan kalepyan sumuruping gegaman. Mula den udia satriya iki, wus tan bapa tan bibi, lola wus aputus wedha Jawa. Mula ngendelake trisula wedha, landhepe trisula : pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa. Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan, sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran. Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku. Senenge anyenyoba, aja kaina-ina. Begja-begjane sing dipundhut, ateges jantrane kaemong sira sabrayat. Ingarsa begawan wong dudu pandhita. Sinebut pandhita dudu dewa. Sinebut dewa kaya manungsa, kinen kaanggep manungsa sing seje daya. Tan ana pitakonan binalekake, tan ana jantra binalekake. Kabeh kajarwakake nganti jlentreh gawang-gawang terang ndrandang. Aja gumun aja ngungun, yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun, tur isih kuwasa nundhung setan. Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh. Ya siji iki kang bisa njarwakake utawa paring pituduh jangka kalaningsun. Tan kena den apusi amarga bisa manjing jroning ati. Ana manungsa kaiden katemu, uga ora ana jaman sing durung kalamangsane. Aja serik aja gela iku dudu waktunira, ngangsua sumur ratu tanpa makutha. Mula sing amenangi gek enggala den luru, aja nganti jaman kandhas. Madhepa den amarikelu. Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada, ing jaman Kalabendu nyawa. Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa, dewa apangawak manungsa. Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara. Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha. Iku paringe dewa. Ngluruge tanpa wadyabala. Yen menang datan ngasorake liyan. Para kawula padha suka-suka amarga adiling Pangeran wus teka. Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha. Para pandhita ya padha ngreja, yaiku momongane Kaki sabdopalon sing wus adus wirang.
Jumat, 25 Desember 2015
Langsung saja ke topik pembahasan kita kali ini, yaitu bagaimana cara membuka mata batin kita, manusia sejak pertama kali diciptakan memang sudah diberi kekuatan batin oleh Allah. Tapi kbanyakan dari kita tidak mengetahuinya, karna kebanyakan manusia disibukan oleh urusan duniawi yang tidak begitu penting. Nah untuk bisa membuka mata batin kita, kita harus terlebih dahulu bisa meninggalkan urusan duniawi secara hati perasaan dan pikiran. Kalo raga kita mana mungkin bisa, karna kita hidup didunia nyata, kalo raga kita ya tetep harus bekerja dan mencari karunia Allah Swt.. Nah untuk cara selengkapnya, kita bisa menyimak cara-cara dibawah ini
Cara Membuka Mata Batin
Melakukan ritual atau ibadah secara kontinue dan istiqamah adalah salah satu cara membuka mata batin sehingga hati kembali bersih tanpa noda layaknya sebuah kaca bening jauh dari kotoran sehingga tidak ada lagi halangan untuk memantulkan bayangan dan kemilau yang ada didalamnya. Seseorang dengan hati yang bersih dan suci tak hanya akan memiliki kemampuan melihat hal-hal ghaib tapi juga akan merasakan kenikmatan dan ketentraman jiwa yang tidak pernah dirasakan sebelumnya.
Mereka yang memiliki mata batin adalah tanda kebersihan dan kemurnian hati sehingga akan tercermin dalam setiap perilaku dan perbuatannya yang selalu terkendali terutama dari hal-hal negatif serta memiliki rasa welas asih yang tinggi dan bijaksana.
Namun yang menjadi kendala untuk membuka mata batin, sulitnya lepas dari usaha mementingkan diri sendiri, masih senang memelihara keserakahan, kedengkian, ketamakan, kikir dan jauh dari sifat welas asih baik pada sesama atau makhluk lainnya. Urusan duniawi selalu menjadi prioritas sehingga mengabaikan sang pencipta sebagai sandaran dan penentu baik buruk manusia dalam hidup. Jika hal itu masih mewarnai tentu akan sulit untuk mencapai tingkatan batin yang bersih.
Amalan Cara Membuka Mata Batin
Amalan atau bacaan khusus untuk membuka mata batin bukan sebuah prioritas melainkan hanya sarana yang bisa digunakan untuk mendekatkan diri kepada Allah SWT. Dalam mensucikan diri, tanpa amalan atau bacaan sekalipun asal telah menjalankan ibadah sesuai ketentuan dengan sendirinya mata batin akan terbuka.
Beberapa tahapan yang harus dilakukan dan sebenarnya merupakan kewajiban bagi setiap seorang untuk di jalankan diantaranya :
Tidak pernah meninggalkan ibadah sahalat 5 waktu wajib dalam kondisi apapun
Tidak pernah meninggalkan shalat malam dalam konsisi apapun
Tumbuhkan rasa kasih sayang pada sesama atau makhluk lain
Tanamkan welas asih dalam diri
Memiliki rasa kepedulian yang tinggi terhadap orang lain
Suka memberi atau bersedekah
Selalu bersikap rendah hati dalam setiap keadaan
Hilangkan sifat amarah, iri dan dengki
Letakkan kepentingan orang lain diatas kepentingan pribadi
Hindari makanan yang tidak halal
Bersih dari segala prasangka buruk terhadap orang lain
Dan masih banyak lagi yang harus dilakukan berkaitan dengan hal-hal yang bersifat kebaikan
Jika sudah bisa menjalankan hal-hal tersebut, dalam waktu tidak lama akan merasakan manfaat yang luar biasa, diantaranya adanya kenikmatan dan ketentraman yang tidak pernah dirasakan sebelumnya.
Langkah cara membuka batin selanjutnya adalah mengasah diri dan mempertahankan kemurnian hati agar ketajaman mata batin tetap terpelihara dalam diri sepanjang hidup melalui doa-doa atau bacaan sebagai sarana berkomunikasi dan mendekatkan diri kepada Allah SWT, Misalnya membaca shalawat 100 kali, istighfar 100 kali, Alfatihah 100 kali setiap selesai sholat malam dan lakukan secara istiqomah
